Khutbah Bahasa Jawa :  ISTIQAMAH ING KESAENAN

Khutbah Bahasa Jawa : ISTIQAMAH ING KESAENAN

Khutbah Sepisan


اَلْحَمْدُ ِللهِ وَكَفٰى ، وَسَلاَمٌ عَلٰى عِبَادِهِ الَّذِيْنَ اصْطَفٰى. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. الَّلهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلىَ نَبِيِّناَ مُحَمَّد وَ عَلىَ اٰلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ.

اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ اللهِ, اُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، فَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ وَمَن تَابَ مَعَكَ وَلاَ تَطْغَوْاْ إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ


Ma’asyiral muslimin rahimakumullah, 

Alhamdulillah, puji syukur sumangga tansah kita konjukaken dhumateng ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring nikmat Iman - Islam, mekaten ugi  nikmat kesarasaning badan lan kesempatan sahingga saget nindaki ibadah shalat Jumah ing siang menika. Shalawat lan salam mugi tansah kaparingna dhumateng panutan kita Rasulullah Muhammad SAW, sumrambah ing sedaya kulawarga, para shahabat lan sedaya umat dumugi akhiring jaman.



Saklajengipun mangga kita ningkataken raos taqwa wonten ngarsa dalem Allah SWT kanthi nindak-aken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun, inggih kanthi taqwa menika, kita sedaya badhe angsal beja mulya ingkamg hakiki, sae wontening ngalam donya lan ugi ing akhirat.


Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Estu estu bilih nikmat saking ngarsanipun Allah kangge para kawulanipun menika, estu kathah sanget  ngantos mboten saged dipun etang jalaran saking kathah-ipun. Saweneh saking nikmat ingkang agung inggih nikmat iman saha islam. Mekaten ugi nikmat tansah saged istiqamah ing margi ingkang leres inggih diinul islam. Saweneh sahabat  nate matur dhumateng Nabi, “Wahai Rasulullah, mugi paduka paring setunggal kalimah  babagan agami Islam, ingkang samangke kita mboten tanglet malih dateng tiyang sanes?   Rasulullah paring jawaban mekaten :


قُلْ آمَنْتُ باللهِ ثُمَّ استَقِمْ

Jawinipun : “maturo:  kula sampun pitados dumateng Allah, kula inggih badhe istiqamah” (HR. Muslim).


Istiqamah menika estu lampah ingkang linangkung edi peni, ing sak lebeting gesang kaum muslimin, nun inggih kanthi lampah istiqamah mekaten kaum muslimin, mboten badhe angsal prastawa saha raos ajrih, ing sak lebeting nglampahi  kekehipun keimanan saha ketaqwaan. Mekaten ugi inggih mboten badhe resah saha kuwatir nemahi parabaya, amargi sampun pirsa bilih damel jejeg keimanan saha keislaman menika kathah rubeda saha reridu. Ing bab menika samekta Allah paring dhawuh ingkang kaserat ing Al-Qur’an Surat Hud 112 mekaten :


فَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ وَمَن تَابَ مَعَكَ وَلاَ تَطْغَوْاْ إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ ﴿١١٢

Jawinipun : “Mula padha  istiqamah-a sapa sira (ing dalan kang bener), kaya dene wes diperintah-ake marang sira lan(uga) wong wong pada tobat kang miderek sira, lan aja pisan-pisan sira ngliwati wates. Setuhune piyambak-e (Allah) iku maha mirsani apa wae kang sira lakoni”. (Qs. Hud: 112)


Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Bilih tiyang ingkang Istiqamah inggih menika tiyang ingkang tansah madhep mantep ing taat dumateng Allah SWT, tiyang ingkang tansah netepi kewajiban, nilar saha nebihi sedaya perkawis ingkang haram.   Tiyang ingkang kasil saged netepi istiqamah ing sak lebeting taat dhumateng Allah, estu samangke badhe angsal begja kemayangan saha dipun paringi palenggahan ing edi peni inggih dipun lebetaken ing suwarga.


Sahabat Abu Bakar Shiddiq ra  rikala dipun tangleti babagan istiqamah piyambak-ipun paring jawaban mekaten : Istiqamah yaiku kapitadosan ingkang tulus saking tauhid, (ora gawe tetandingan ing ngarsane Allah kanthi  apa wae lan sapa wae). Wondene saking imam Hasan Bashri ngaturaken pemanggih bilih “ : Istiqamah yaiku nglampahi taat  saha nebihi maksiyat. Allah SWT paring sabda :


إِنَّ ٱلَّذِينَ قَالُواْ رَبُّنَا ٱللَّهُ ثُمَّ ٱسۡتَقَٰمُواْ تَتَنَزَّلُ عَلَيۡهِمُ ٱلۡمَلَٰٓئِكَةُ أَلَّا تَخَافُواْ وَلَا تَحۡزَنُواْ وَأَبۡشِرُواْ بِٱلۡجَنَّةِ ٱلَّتِي كُنتُمۡ تُوعَدُونَ  ٣٠

Jawinipun : “Setuhune wong wong kang matur “ pengeran kita inggih Allah”, tumuli pada istiqamah, mangka Malaikat tumurun marang wong wong iku kanthi matur,” aja sira wedi lan ngrasa sedih, lan padha bungah-o awit surga kang wus di cepakke Allah kanggo sira”. (QS Fushshilat: 30).


Ayat ingkang minulya menika paring kabar gumbira, kangge kula ln penjenengan sedaya ingkang tansah istiqamah ing sak lebeting nindak-aken kesaenan. Bilih sinten tiyang ingkang tansah njagi lampah istiqamah, estu badhe angsal kanugrahan ingkang linangkung ingih menika surga. Saking menika, mangga sareng sareng kula lan penjenengan sedaya, dipun sengkuyung saha ngupadi amrih tuwuh ing madyaning masyarakat, semangat tansah istiqamah ing nglampahi pengibadahan saha taat dhumateng Allah.


Bilih gusti Allah badhe paring dhawuh dateng malaikat supados parek ing tiyang tiyang ingkang iman saha tansah istiqamah, kangge paring pawartos ingkang damel bungah, paring sedaya perkawis ingkang manfaat, ugi paring pangayoman saha kawilujengan saking sedaya bebaya, saha ugi badhe paring raos ayom ayem, tebih saking raos  kuwatir, was was ing sedaya perkawis ing ngalam donya ngantos teng akhirat.


Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Sak lajengipun supados tansah saged istiqamah ing madyaning damel kesaenan, wonten perkawis perkawis ingkang saged dipun lampahi, inggih menika :


Sepisan inggih menika tansah parek dumateng Allah utawi muraqabatullah. Inggih menika kula lan penjenengan sedaya minangka kawula menika, tansah kagungan raos menawi  Allah menika pirsa sedaya menapa kemawon ingkang kula lan penjenengan lampahi.  Pramila saking menika kedah tansah mbudidaya amrih saged nglampahi sedaya dawuh, saha nebihi sedaya awisanipun. Raos lingsem saha ajrih menawi nglampahi gesang ingkang analisir saking paugeran saha pranatan saking Allah SAW.  Ing perkawis menika wonten hadits (babagan ihsan) mekaten :


أَنْ تَعْبُدَ اللَّهَ كَأَنَّكَ تَرَاهُ فَإِنْ لَمْ تَكُنْ تَرَاهُ فَإِنَّهُ يَرَاكَ

Jawinipun :“Ngibadah-a sira kaya kaya seliramu weruh Allah, lan yen ora bisa ndulu marang Allah, setuhune  Piyambak-e Allah wus pirsa ing sira” (HR: Bukhari)


Kaping kalih, kagungan tekad tansah estu estu nglampahi syari’at. Ingkang dipun maksudaken inggih supados kula lan penjenengan sedaya tansah kosekuen ing sak lebeting nglampahi syari’at utawi ngamal ibadah, mboten datnyeng saha medhot ing tengah margi.  Jalaran lampah konekuen saha konsisten ing sak lebeting nglampahi ngamal ibadah menika lakung dipun tresani ing ngarsanipun Allah, tinimbang amalan amalan ingkang namung kadang kadang dipun lampahi. Kados hadits  saking ibunda ’Aisyah r.a, ngaturaken bilih  Rasulullah SAW paring sabda mekaten :


أَحَبُّ الأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ تَعَالَى أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ

Ingkang jawinipun mekaten : ”Ngamal ngibadah ingkang langkung dipun tresnani ing ngarsane Allah inggih ngamalan ingkang ajeg sina-asa namung sekedik.” (HR. Muslim no. 783) 


Ma’asyiral muslimin rahimakumullah, 

Kaping tiga, ngathah-ngatahi umbul donga supados tansah istiqamah ing marginipun gusti Allah. Saweneh donga ksebat inggih menika :


يَا مُقَلّبَ القُلُوْب ثَبّتْ قَلْبِي عَلَي دِينِكَ

Jawinipun : “Wahai Zat  ingkang damel wolak walik-ing ati, (mugi paduka) damel sentosa ing ati kula menika ing sak lebeting agami paduka.


رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً ۚ إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ

Jawinipun : “Duh gusti Allah pengeran kula, ampun damel ing ati kula menika   condong ing margi ingkang sasar, sak sampunipun paduka paring pepadhang ing kula, saha mugi paduka paring sih nugraha saha rahmat saking ngarsa paduka, inggih namung paduka dzat ingkang maha paring sih nugraha lan rahmat”. (Q.S. Al-Imran : 8).


Kaping sekawan, remen saha ajeg hadlir ing majlis ilmu saha tansah sesrawungan kalih tiyang tiyang ingkang shaleh. Kanthi ajeg saha remen hadlir ing majlis ilmu, estu badhe tuwuh wontenipun raos ayom ayem tentrem, bungah saha bahagia. Inggih bab menika minangka gegayuhan saking sedaya kaum muslimin. Ing majlis ilmu kula lan penjenengan badhe manggihi saha angsal sederek sederek muslim saha mukmin. Inggih sederek sederek ingkang tansah watawa shobil haq watawa soubis sober.  Wonten Hadits mekaten :


اَلْمَرْءُ عَلَى دِيْنِ خَلِيْلِهِ فَلْيَنْظُرْ أَحَدُكُمْ مَنْ يُخَالِلُ.

Jawinipun :  “Sewiji wong iku maelu agamane konco-ne, mula sira kabeh delengen sapa kang dadi kanca cedak-e  (H.R. Abu Daud dan At-Tirmidzi).


Pramila saking menika mangga pados rencang  ingkang tansah damel amal kebecikan, saha tansah tumuju ing mragi engkang sae. Margi ingkang istiqamah saha taat ing marginipun gusti Allah. Rencang ingkang tansah paring pepeling ing marginipun Allah. Rencang ingkang ugi tansah paring pepeling, menawi badhe kejlomprong ing margi sasar, maksiyat saha kapitunan.


Mekaten khutbah ingkang sekedik menika, Kanthi pangajab saha pandonga mugi  Allah SWT nglebetaken kula lan penjenengan kalebet ewonipun tiyang ingkang saged tansah istiqamah, saha ing  tembe mlebet ing suwarga, aamiin


أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا َوَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ


Khutbah Kaping kalih


اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللَّهِ شَهِيداً. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ

أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ .اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.  

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.


Sumber: Majelis Tabilgh PDM Bantul


0 Comments: